Sejarah Desa

Kepala Desa 30 April 2014 17:20:39 WIB

“Kenthongan Kyai Muntira Setika”

 

Kenthongan ing jamanipun simbah, saestu wigatos sanget paedahipun, kejawi saged minongka Tengara ing kawontenan menapa kemawon, ugi minangka sarana komandho saking para prabot dhusun lan Kalurahan. Kados to yen wonten bebaya maling, kobongan, payo-payo (tiyang lampah sandi), wonten sripah malah kangge sarana ngempalaken warga ugi namung migunakaken Kenthongan.

Dipun cariyosaken Ki Karsodiryo (paranormal lan nate ngasto Dukuh), bilih ing jamanipun Lurah Gunadirya (Lurah Kapisan) ing Wiloso, kagungan Kenthongan ingkang wingit. Kenthongan wau paringipun Ki Demang Piyaman. Dene ingkang Yasa Ki Harjodinomo, dipun damel saking kayu Karangpulut sak dedeg tiyang dewasa. Tiyang sepuhipun Ki Demang ing jamanipun Ki Harjodinomo menika satunggaling tiyang ingkang sekti  pilih tanding, mila anggenipun yasa Kenthongan injih kanthi lampah prihatos. Kenthongan menika kaparingaken tenger nama Kyai Muntira Setika. Kacariyos kenthongan menika dipun paringaken dhumateng Ki Gunadirya, Kabekta dhateng kalurahan Wiloso. Miturut Ki Karso dirya, Kenthongan Kyai Muntira Setika wau saged muni piyambak menawi badhe wonten bebaya ingkang badhe nempuh Kalurahan Wiloso, Kethongan menika kapapanaken ing regol mlebet Kalurahan lan regol kadamel saemper kados kampong, kanthi kiwo tengen dipun damel panggungan, tengahipun lowah kangge mergi mlebet sowan Ki Lurah.

Saben dinten Senin Paingselapan dinten sepisan dipun adani kempalan umum mapan ing Kalurahan, kinten-kinten wanci jam 8 enjang Kenthongan Muntirasetika dipun tabuh. Para sepuh nyariosaken bilih suwantenipun Kenthongan wau kepireng ngantos Kantor Asistenan Panggang. Keladuk ing wicara, sok sintena ingkang kiyat ngrimat Kenthongan Muntira Sentika menika, ing tembe putra wayahipun badhe wonten ingkang kiyat dados Lurah! Tumrap ingkang mboten pitados bab menika dipun anggep ngayawara, nanging kanyatan mbuktekaken. Kenthongan Muntira Sentika wau umuripun atusan tahun, dados injih lajeng sekedhik mbaka sekedhik lajeng rusak. Semantena sinaosa kawontenan sampun risak, tetep dipun openi/ dipun rimat dening Ki Singagati lan Ki Kromoijaya.

Kasunyatan suka bukti  :

  1. Sukap : wayahipun Ki Singagati saget dados Lurah ka 5
  2. Tuyadi : wayahipu Ki Kramaijaya dados Lurah ka 6.

Nagging menapa sedaya menika saking dayanipun Kenthongan Muntira Setika? Walahu alam!

 

 

 

 

“Munggur Kuncara Kinarya Tandha”

Maneka warni pambudidayaning para leluhur anggenipun yasa tetenger amrih putra wayah/ anak turun saged ngenget-enget prastawa wigatos lan gampil anggenipun sami mahami. Kados dene damel tugu, prasasti, monument lan wewangunan sanes-sanesipun, mapan ing papan ingkang methok lan gampil dipun tingali, dipun pahami, dipun kenali, lan dipun enget-enget.

Ki Gunadirya ingkang jumeneng Lurah ing Kalurahan Wiloso kapisan mboten kirang ing weweka, sarana damel tetenger ingkang saged turun temurun. Apesipun dipun prangguli/ dipun tingali dening anak, putu, buyut, canggah, udheg-udheg, gantung siwur sokur bage ngantos turun temurun sak ngandhapipun. Kepyakan madekipun Kalurahan Wiloso, tinengeran kanthi nanem (menanam) wit “Munggur” ing sak ngajenging Kalurahan (dalemipun Ki Lurah), mapan ing tengah-tengahing delanggung, prpatan Dusun Wiloso lan dipun wawas dados pusering bumi Kalurahan Wiloso.

Wit Munggur wau tuwah subur, kados-kados suka sasmita bilih Kalurahan Wiloso saged tuwah ngrembaka, mahanani gesanging para warga pinanggih subur tata titi tentrem kerta raharja. Ki Gunadirya ageng kawigatosanipun dhumateng gesang ipun wit Munggur wau, njagi, ngupakara kanthi gemati saengga saged gesang kanthi ngremenaken lan ketingal tansaya mekar. Kangge njagi amrih lestarining wit Munggur wau kanthi cara dipun sakralaken lan dipun damel Krapyak ingkang ngupeng wit menika, saengga sedaya warga sami dene rumaos tanggel jawab njagi lan ngupakara Munggur menika wau.

Rumambating wekdal ingkang alon nangging lumampah ajeg, mboten karaos menawi wit Munggur wau tansaya ageng, ngrembuyung subur temah kenging kangge pangaubaning para warga kabekta hawanipun ingkang silir rumesep ing otot bebayu. Agenging wit Munggur wau ngantos tigang (3) prangkul tiyang dewasa, saking katebihan ketingal njenggureng, kukuh, bakuh santosa awit sampun umur udakara 102 tahun. Ing wanci siang kenging kangge pangauban saking panasing surya dene menawi wanci dalu para mudha tamaruna sami rerumpon (jagongan) ing sak ngandhaping Munggur wau, saengga tansaya asri jalaran dados pasabaning para warga.

Ngantos sak menika wit Mungur menika tansaya kontap ing wewengkon Kecamatan Panggang, kepara sampun dados ciri khas (ikon) Desa Girikarto, awit mapanipu ing delanggung prasekawanan (perempatan jalan). Lan dusun ingkang ageng dhasaripun dados punjering Pamarintah Desa, mila mboten mokal menawi dados papan jujugan sawanci wonten tiyang manca ingkang nggadhahi keperluan dhateng Girikarto. Kanthi anyawang wit Munggur menika, ugi badhe enget madegipun Kalurahan Wiloso ingkang lajeng dados Desa Girikarto.

 

 

 

“Madege Kalurahan Wiloso Desa Girikarto”

“Katentreman iku Sayekti Dadi Pawitaning Urip”

Owah gingsiring kawontenan alam sarto jaman menika limrah kelampahan ing gesanging umat manugsa. Wewengkon Desa Girikarto sejatosipun sampun wonten pepathaing warga wiwit jaman Majapahit. Bab menika saged katitik mawi  dasar cariyos sambet sinambet dening para sepuh ingkang mratelakaken bilih  Ki  Jagembira pepundhenipun warga Padukuhan Bolang , Ki Rompak Baya/ Sarabaya ingkang sinebat mBah Kawitan pepundhenipun Padukuhan Doplang menika sedaya Prajurit Majapahit ingkang sami keplajar lan bebala ing Padukuhan kasebat. Dhatengipun para pengungsi saking Majapahit wau mbekto owah-owahan tumraping padukuhan lan sakiwa tengenipun.

Sekawit, Desa Girikarto menika kabekelan mapan ing Padukuhan Karang lan mlebet Kademangan Karangnangka. Ki Bekel Wonosentono ingkang katelah Bekel Dhongkol ngasto Kabekelan Karang kaparingan tanggel jawab njagi bandha negari peksi Walet ing saurating pesisir kidul. Wanci ngundhuh susuh Wallet wau, mila mboten sekedhik angsaliun (hasilipun) ngantos dipun usung ngginakaken Kuda, lajeng dipun aturaken dhateng Negari (Kraton). Awit saking kondhangipun Walet ing pesisir Kabekelan Karang, ngantos tiyang-tiyang sakjawining rangkah kathah ingkang badhe gadhah niyat nguwaosi, saenggodamel mboten tentrem ing wewengkon Kabekelan Karang. Bab mekaten wau kepireng dening Kanjeng Bupati, ingkang lajeng paring dhawuh amrih penjagen pesisir kidul langkung dipun kiyati.

Ki Kertopati tiyang saking Balimbi (Blimbing) sagah mbiyantu njaging ing pesisir kidul, awit tiyang wau alebet dhuk-dheng kondhang kekendelanipun. Kabekelan Karang dados tentrem semanten ugi guwa-guwa wallet ing pesisir kidul mboten wonten ingkang wani ngganggu. Rehne Ki Kertopati wau tiyang saking Blimbing ingkang saged damel tentrem Kabekelan Karang, wusana Kanjeng Bupati paring dhawuh lan netepaken Kabekelan Karang mlebet wewengkon Kademangan Blimbing.

Tumapak ing dinten gantosing wulan lan tahun awit kemajenganing jaman laras kaliyan tansaya ngrembaka cacahing warga, kanyata angsal kawigatosan saking Kraton, saengga Kabekelan Karang dipun indhak aken tataranipun dados Kalurahan. Sak lerehipun Ki Bekel Dhongkol, sinarengan kaliyan telasing peprentahan Kabekelan Karang, awit lajeng gantos pranatan. Saksampunipun dipun adani parapatan ingkang dipun pangarsani dening Asisten Panji, milo punjering peprentahan enggal menika lajeng kayong dhateng Dusun Wiloso. Awit sami kapenggalih menawi tetep wonten ing Karang, kawawas mboten saged timbang mapanipun, ngengeti Karang menika mapan ing tapel wates kilen. Pepuntonipun dipun tetep aken punjering peprentahan (Ibukota) Klurahan mapan ing Wiloso kaleresan mapanipun ing tengah-tengahing bumi Girikarto. Rehne Peprentahan enggal menika mapanipun wonten ing Wiloso, milo lajeng dipun sarujuki lan dipun tetepaken kanthi sesebatan Kalurahan Wiloso. Madeg ing dinten Senin Paing, surya kaping 22 Mei 1916 utawa 19 Rejeb 1946 ing tahun Je, sinengkalan : Karaseng Driya Trusing Gusti.

 

Menawi dipun tlusur, madegipun Kalurahan mligi ing wewengkon Kecamatan Panggang rumiyin sebabipun Asistenan menika lir gumantos (urut-urutan) wekdalipun ing tahun 1916 (manut catetan ing Perpustakaan Daerah).

Sakawit nama-nama Kalurahan ing wewengkon Kecamatan Panggang menika mekaten :

  1. Kalurahan Temuireng
  2. Kalurahan Panggang
  3. Kalurahan Nglurah
  4. Kalurahan Pudak
  5. Kalurahan Karangnangka
  6. Kalurahan Karangtengah
  7. Kalurahan Trasih
  8. Kalurahan Jorong
  9. Kalurahan Petoyan
  10. Kalurahan Legundi
  11. Kalurahan Sawah
  12. Kalurahan Wiloso

Nalika semanten Kalurahan menika kebawah dening Asisten Panji (Camat). Lampah jantraning sejarah Kalurahan sayektos mboten saged uwal saking kiprahipun para Lurah minangka pemangku kalungguhan (pemangku sejarah).

Dene awit saking wontenipun ewah-ewahan pranatan lan paugeran tata peprentahan sak sampun ipun Republik Indonesia merdika, lajeng ugi mbekto ewahing pranatan. Ingkang sakawit nama/ sesebatan Kalurahan menika ngginakaken papan punjering Peprentahan (ibukota) Kalurahan, lajeng dipun larasaken tatananipun ngengeti bilih kalurahan menika mbawahaken pinten-pinten dusun, mila amrih saged adil lan jembar sebaripun lajeng ngginakaken sesebatan dipun awali kanthi tembung Giri (giri = gunung).

Kalurahan Panggang dados Kalurahan Girisuko

Kalurahan Nglurah lan Karangnangka dados Kalurahan Girisoca lan Girisari

Kalurahan Pudak dados Kalurahan Giriwungu

Kalurahan Karang tengah dados Kalurahan Giricahyo

Kalurahan Trasih dados Kalurahan Giriasih

Kalurahan Jorang dados Kalurahan Girijati

Kalurahan Petoyan  dados Kalurahan Giritirta

Kalurahan Legundi dados Kalurahan Girimulyo

Kalurahan Sawah dados Kalurahan Girisekar

Kalurahan Wiloso dados Kalurahan Girikarto

Nanging nalika semanten ugi wonten 2 Kalurahan ingkang nyawiji (gabung) dados 1 Kalurahan (Kalurahan Girijati lan Girisoca dadi Giripurwa).

 

“Girikarto Tata Titi Tentrem Kertoraharjo”

 

Ingkang jumeneng Lurah Kapisan (I) ing Kalurahan Wiloso asma Ki Gunadirya, Putra Mantunipun Ki Demang Wonopawira ing Piyaman. Kacariyos Ki Gunadirya menika piyantun ingkang kebak kawibawan, para warga sami setya bekti ing sak reh printahipun. Kawontenan Kalurahan Wiloso naliko semanten ayom ayem tatatiti tentrem kaperbawan kawicaksanan nipun Ki Lurah Gunadirya. Miturut pratelanipun para sepuh ingkang saged dipun pitados, nalika Ki Gunadirya dipun angkat dados Lurah Kapisan (1916), suka pratandha kanthi nanem wit Munggur ing margi prasekawanan Dusun Wiloso ingkang taksih gesang ngantos sepriki, lan dados ciri khas (ikon) Desa Girikarto.

Piwucal luhur saking Ki Lurah Gunadirya wujuding piweling, mekaten “Katentreman kuwi pawitaning urip, lan urip aja ninggal tatu”. Menika mengku gegayuhan luhur, amrih Kalurahan Wiloso sak kawulanipun tansah saged manggih Tata Titi Tentrem Kerta raharja (1916-1926). Sak sautipun Lurah Gunadirya lajeng kasambet Ki Prawirawiharjo minangka Lurah ingkang ka 2. Ki prawirawiharjo mboten sanes injih Putra Kakung ipun Ki Gunadirya (Lurah ka 1), mila mboten benten tebih kaliyan nalika Lurah ka 1, Ki Prawirawiharjo ugi taksih kasiungan kawibawan. Dene sak derengipun jumeneng Lurah Wiloso, langkung rumiyin ngasto dados Carik ing Legundhi. Ki Prawirawiharjo ngasto Lurah ing ndalem 20 tahun (1926-1946) taksih nguri-uri sedaya piwelingipun Ki Gunadirya, mbudidaya amrih Kalurahan Wiloso tansah ayem tentrem. Ki Lurah Prawirawiharjo ngersakaken pensiun ing tahun 1946, lajeng dipun wonteni pilihn Lurah kapisan ing Kalurahan Wiloso. Ki Harjosudarmo kapilih minangka Lurah Wiloso ingkang ka 3, nglintir kalenggahanipun Ki Prawirawiharjo. Dene Ki Harjosudarmo menika purta mantu saking Ki Prawirawiharjo lan ugi kaleres wayah saking Ki Bekel Dhongkol ing Kabekelan Karang ingkang sak derengipun ngasto Carik, nalika  Ki Prawirawiharjo ngasto Lurah. Panjenenganipun ngasto Lurah nalika Republik Indonesia sampun mardika. Pramila mboten mokal menawi kawontenan dados tansaya majeng, kathah ewah-ewahan ing bab tata peprentahan lan ugi lampahing peprentahan.

Ewah-ewahan ingkang sanget wigatos, ing tahun 1948 nama Kalurahan Wiloso dipun gantos dados Kalurahan Girikarto, dene punjering peprentahan kantor lan bale tetep mapan ing Wiloso (Maklumat No 5/1948).

Sekolah Rakyat Wiloso madeg ing tahun 1942, mapan wonten dalemipun mBah Harjoprabawa  Dawung lan mBah Sumidi Wiloso. Tahun 1953 mapan ing dalemipun mBah Sodho Wiloso lan mBah Ronolesana Bedug. Warga ngrilakaken griyanipun kangge papan pawiyatan (sekolah). Mindak tahun cacahing murid tansaya tambah kathah ngantos sekolahan mboten kamot amargi kekirangan ruang kelas, saenggo  Bapak Lurah lan Pamong Girikarto ngrancang mbangun gedung enggal kangge sekolahan. Wekasan ing Tahun 1963 pamarintah Kalurahan Girikarto saged kaleksanan yasa mbangun Gedung ingkang nyekapi  kebetahaning pawiyatan ing Wiloso.

Lurah Harjosudarmo ugi tetep nglajengaken/ nguri-uri tekad lan gegayuhan mbudidaya amrih Girikarto tata titi tentrem kertaraharja. Ing tahun 1965 Lurah Harjosudarmo lereh lan dipun gantos lurah Wignyodiharjo, minangka Lurah ingkang ka 4, ingkang sak derengipun ngasto Carik Kalurahan Girikarto. Ing wekdal peprentahan Lurah Wignyodiharjo menika sinarengan tumapaking pamarintah Orde Baru. Ing jaman Orde Baru menika lampahing pembangunan ing sedaya bab dipun utamekaken. Madegipun Sekolah Dasar Impres Girikarto, MTS ing Padem, Puskesmas Pembantu ing Wiloso, Kantor Desa lan pembangunan sarana ibadah, radosan-radosan ugi mboten kantun.

Jumenengipun Lurah Wignyodiharjo ngantos 32 tahun (1965-1997) lajeng dipun asto dening Lurah Sukap jumeneng Lurah ingkang ka 5 ing alaming Demokrasi lan Reformasi. Ing wekdal menika Pantai Gesing lajeng kabangun kanthi rancangan anggegadang para nelayan warga Desa  Girikarto. Mila sesarengan kaliyan pambanguning palabuhan Gesung wau dipun adani Program Transmigrasi local ingkang dumados saking para warga Girikarto warganing nelayan. Gesing mboten naming dados papan pangupa boga para nelayan, nanging sampun dados papan wisata ingkang sampun kontap ing tlatah Ngayogjakarta keparasampun dumugi ing Mancanegari. Dharma bhaktinipun Lurah Sukap ing tahun 1997-2015, sak sampunipun purwa lajeng Tuyadi gumantos Kalenggahan Lurah engga sepriki. Sedaya Lurah engkang jumeneng angembani warga lan minata lampahing peprentahan ing Desa Girikarto. Sami dene gadhah pangajab memayu hayuning warga lan desa tansah tata titi tentrem kertaraharja saged kagayuh.

Dene sesebatan (nama) Desa Girikarto menika jentrehepun mekaten : Nalika wonten ewah-ewahan nama Kalurahan miturut Maklumat No 5/1948 ing wewengkon Kapanewon Panggang dipun tetepaken sedaya Kalurahan kedah dipun awali mawi Giri ingkang tegesipun Gunung. Dene sambetipun ing wingking tembung Giri menika hak ipun Kalurahan piyambak-piyambak.

Kajumbuhaken kaliyan kawontenan, prastawa lan pepenginaning warga kanthi mekaten, rehne wiwit Lurah kapisan ngantos kaping 3 sinengkuyung para warga sami gadhah idam-idaman tata titi tentrem kertaraharja.

 

 

 

Geter pater sineksen bumi, akasa, ing sawingking ipun tembung Giri dipun sarujuki lan dipun tetepaken mawi tembung Karto. Dados Kalurahan Girikarto mengku teges

Giri      : Gunung

Karto  : titi, tentrem, kerta, raharja

Sanadyan Kalurahan mapan lan wilayahipun saperangan ageng wujud pareden (pegunungan) nanging kawontenan tata, titi, tentrem kerta raharja, jumbuh lan pepenginaning warga.

Mekaten wiwit tahun 1948 ingkang sakawit nama Kalurahan Wiloso lajeng dados Kalurahan Girikarto.

Lurah ingkang jumeneng ing Girikarto

No

Asma

Lenggah Ing

Tahun

1.

Gunadirya

Wiloso

1916-1926

2.

Prawirawiharja

Wiloso

1926-1946

3.

Harjasudarma

Wiloso

1946-1966

4.

Widnyodiharja

Dawung

1966-1997

5.

Sukap

Bedug

1997-2015

6.

Tuyadi

Bedug

2015-2021

 

Punggawa Desa lan Ewah-ewahanipun :

No

Sakawit

Ewah-ewahan 1

Ewah-ewahan 2

Ewah-ewahan 3

1.

Lurah

Lurah

Kepala Desa

-

2.

Carik

Sekertaris Desa

Sekertaris Desa

-

3.

Kamituwa

Bagian Sosial

Kaur Keuangan

-

4.

Jagabaya

Bagian Keamanan

Kaur Pemerintahan

Kasi Pemerintahan

5.

Ulu-ulu

Bagian Kemakmuran

Kepala Bagian Ekonomi Pembangunan

Kasi Kesejahteraan

6.

Kaum/ Igama

Bagian Agama

Kepala Bagian Kesra

Kasi Pelayanan

7.

Dukuh

Kepala Dusun

Dukuh

-

 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung

Peta Desa

Lokasi Girikarto

tampilkan dalam peta lebih besar